Garuda Indonesia

Undangan Reuni

Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Rinenggo sagunging pakurmatan.
Kanthi hangajab nugrahing Gusti Ingkang Maha Agung, mbok bilih wonten dhanganing penggalih saha longgaring wekdal, kula sak kluwarga nyuwun kanthi sanget rawuh panjenengan mbenjang ing,

Dinten : Setu Wage
Suryo Kaping : 11 Maret 2012
Wanci : Tabuh 19:00 wekdal iring kilen (Ba'da Isya')
Panggenan : Griyo Kula RT.01, RW.02, Dusun Kauman, Kelurahan Pacitan, PACITAN
Wigatosing Atur : Acara Keluarga
Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha Asih tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin.
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar